Kamis, 18 Juli 2019

Cokro 7 /cokro mahkota7

WEDHARING SASMITA SINANDHI  (7) CAKRA MAHKOTA / 7 CÀKRA.

AJI PRANAWA MANIK ING WARIH.

Iki kanugrahan peparinge Bathara Indra menyang Bratasena. 
Awit nggone Bratasena bisa ngluwari panandhange Bathara Indra malih dadi raseksa bali dadi dewa maneh. 
Daya katiyasane Aji Pranawa Manik ing Warih, Bratasena ora bakal kleleb ing banyu.
Aji maknane mulia, duwe kaluwihan, ana nilaine / regane.  Ki Aji, aki-aki sing diajeni, dikurmati, dimulyaake (mbok menawa owahe tembung dadi Kyai). 
Sri Aji, kuwi ratu sing mulia.
Pranawa maknane waspada, awas utawa weruh kanthi gamblang, cetha wela-wela utawa trawangan.
Manik jenise perhiasan. 
Digandheng-gandheng dadi manik-manik (memanik). 
Ditempelake barang liya nambah kaendahan.
Sinorot cahya pating galebyar anelahi / kerlap-kerlip manca warna. 
Senajan cilik regane larang. 
Mustika, jamrut, berlian, iku jinise manik.  “Dhuh kusuma memanike ati” iku pratelan wong sing nandhang wuyung, kasmaran marang priya utawa wanita.
Warih iku dasanamane banyu. 

Simbol tumrap ilmu luhur, utawa pralambang kombak-kumbule bebrayan agung.

Aji Pranawa Manik Ing Warih, iku sanepa daya linuwih sing gedhe regane kang bakal sinandhang dening sapa wae kang kasil anggone ngilangi gugusan pikiran lan perasaan ing pikiran lan atine. 

Ilange gugusan pikiran lan perasaan maknane ilang tudhung / aling-aling antarane sukma, roh karo purusa. (Utusan Jiwa Agung, Sukma Sejati, Guru sejati, Nur Muhammad, Kristus). 

Cakra mahkotane dibukak. 
Sunare Purusa langsung bisa madhangi budine (cipta, rasa, karsa) manungsa iku mau. 
Pindhane kaya rembulan kang katon ing telenge banyu kang resik lan anteng.  Sak banjure Sang Guru Sejati tansah nuntun / mulang muruk/ ngelikake manungsa iku mau supaya tansah lumaku ing margane Gusti.
Dene nafsu patang prakara sing kulina ngobahake angen-angen marang pepinginan donya malih dadi anteng lan meneng. 
Kepara malah nyengkuyung apa kang dadi kersane bendarane, yaiku sang “pancer” kang wus pinadhangan dening sunare Zat Kang Maha Suci / Sang Guru Sejati.

Ing pakeliran wayang purwa, nafsu patang prakara mau ginambarake kaya dene punakawan catur. 
Wujude sarwa prasaja, lan ulese ireng (warna ireng ing kene maknane dadi meneb, anteng). 
Pakaryane dadi batur, pangembating catur tumrap budi, kang wus padhang kaya rembulan.
Dene sang “Pancer” disimbolake kaya dene satria sing tindak-tanduke sarwa prasaja, anteng, meneng, jatmika, milangoni. 

Tansah ndhingkluk kaya dene pawongan kang lagi maneges, memuja ngagungake asmane Gusti. 
Mula para punokawan anggone ngundang satria mau “Gusti (bagusing ati), bendara, sesembahan kula, pangeran kula”. 
Awit manungsa mau wus dudu manungsa sawantah.
Gegambaran satria sing jatmika, meneng, anteng, ing pakeliran iku mujudake sanepa kahanan sing diarani “Moksa”, ing tanah Jawa kaprah katelah “manunggaling Kawula lan Gusti”. 

Pawongan kang bisa “moksa” kalaning isih urip diarani “Mahatma, Manungsa Paripurna, Jalma Linuwih, Insan Kamil”. 
Dheweke duwe kaluwihan awas lan waspada. 
Awit “ mripati wis dadi mripate Gusti, kupinge wis dadi kupinge Gusti, dawuhi wis dadi dawuhe Gusti, tandang grayang lan tindake wis dadi agemane Gusti”.  Mula Janaka, Abimanyu yen perang tandang grayange sarwa enteng lan gampang, saben kemlawe tangane mesthi kena, ora usah kakehan penthalitan.

Ana uga kang kandha, manungsa sing ngene iki diarani “bathok bolu isi madu”.  Senajan mung bathok, wujud lan asele sarwa prasaja, nanging isine madu.  Pralampita wong sing urip tata lahire prasaja (ora duwe pangkat, ora sugih, lll)  nanging ilmune dhuwur lan luhur. 

Ilmu kang mupangati marang keslametan jiwane bebrayan agung.  Kaya guna manfaate madu tumrap kebagas warasane sarira. 

Ana uga sing ngarani mustikaning jagad, lelananging jagad, memaniking bawana.
Daya katiyasaning “Aji Pranawa Manik Ing Warih” Bratasena ora bakal klelep ing banyu. 
Iki sanepa tumrap manungsa sing wus manggon drajat spiritual “Mahatma / Insan Kamil” ana ing pasrawungan katon kaluwihane. 
Ora kasor dening liyan, nanging uga ora pingin ngasorake. 
Awit sakehing pepinginan wis ilang saka angen-angene, kalebu pingin ngunggul-unggulake dhiri pribadine. 
Dheweke bisa manjing ajur-ajer. 
Awor wong dhuwur ora katon cendheke, awor wong asor ora katon dhuwure.  Awor wong pinter ora katon bodhone, awor wong bodho ora kuminter, apa maneh minteri. 

Mula sing kepingin dadi mustikaning jagad, kencengna pangudimu, kencengna kendhalimu, aja manut miturut playune panca driya,panca sono lan nafsu,  nengna lan ningna pikir lan rasamu kanthi sabar telaten mugen mempeng, dhimen awas pamawasmu marang loro-loroning atunggal; manunggale kawruh lan laku, manunggale jiwa lan raga, manunggale jagad cilik lan jagad gedhe, manunggale kawula lan Gusti.

SABDO INGSUN SABDO SEJATI.

salam SETIA HATI.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Gerbo bumi

Garbo bumi amat karat ratu buyut kebuyuten ratu tuo seng nguasai bumi jawi lan bumi .... kang tut no tingkah laku ku karat solollahualaihiwa...