Kamis, 25 April 2019

Tebu wulung

TEBU WULUNG
     Kula taksih kemutan nalika simbah kakung nanem tebu ing pojok plataran sisih kiwa griya enggal ingkang nembe rampung dipunpayoni.
Tebu ingkang dipuntanem ketingal seje kaliyan tebu limrahipun.
Warni kulitipun cemeng semu biru.
Boten ijem. Ketingal langkung ageng tinimbang tebu ingkang warninipun ijem.
 Nalika kula nyuwun priksa dhateng simbah, panjenenganipun ngendika bilih tebu menika dipunwastani "tebu gendruwo".
Ginanipun kangge srana tetulak, supados kulawarga ingkang nglenggahi griya enggal menika (bapak, ibu, lan kula) tinebihaken saking godha-rencana.
Kalih taun sabacutipun, nalika paklik kula krama, ing antawisipun pinten-pinten ubarampe kangge sesaji upacara palakrami, ugi wonten salonjor tebu ingkang warninipun cemeng menika.
 Sareng kula suwunaken priksa, ngendikanipun simbah, menika ginanipun kangge gaman tumrapipun penganten.
Dumugi ngriki, kula dereng terang. Ing-atasipun tebu kemawon kok saged kangge tetulak lan gaman.
 Kejawi warni lan agengipun, bedanipun kaliyan tebu ingkang limrah menika mapan ing menapanipun?
Eram! Maneka-warni upacara kok mesthi mawi tebu minangka salah satunggalipun ubarampe.
Sareng sampun diwasa, tansaya kathah kanca, kathah guru, sekedhik mbaka sekedhik kula saged mudheng.
Kawiwitan saking aranipun, jebul tebu ingkang kulitipun cemeng menika kaprah winastan "tebu wulung". Ing bausastra mila tembung 'wulung' menika tegesipun 'cemeng'.
Lajeng, jebul tembung 'tebu' menika jarwa-dhosokipun "antebing kalbu".
Teges mlahanipun: "manah ingkang kukuh/teguh/ kandel/kiyat/santosa". Sareng kula gagas, kok jebul sae menika.
Liripun mekaten, tebu ngemu teges manah ingkang santosa.
Kamangka, warni wulung/cemeng menika lambangipun bumi/gunung ingkang werdinipun inggih santosa/kukuh.
Elokipun malih, tebu menika wujudipun tamtu lurus/lempeng, boten bengkong, tur kaku lan atos, nanging raosipun manis.
Hla, ing ngriki kok jebul gathuk malih.
 Tegesipun mekaten, ingkang winastan tiyang ingkang teguh-santosa menika tamtu tiyang ingkang boten miyar-miyur.
 Nanging, tamtu kemawon tiyang ingkang ageng kantebanipun, lurus, kaku, nanging manis budinipun.
 Boten mokal menawi tebu wulung menika lajeng kenging kangge pitutur sinandi tumrapipun bebrayan.
Kula pitados bilih tiyang ingkang santosa manahipun menika tamtu kiyat ngadhepi sakathahing panggodha-pangrencana.
Teguhing manah menika saestu gaman ingkang landhepipun ngungkuli salwiring gegaman yasan pandhe, ingkang kuwawi njagi wetahing bebrayan.
Mokal menawi pitutur lumantar lambang tebu wulung menika namung adhedhasar othak-athik gathuk waton mathuk.!!!



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Gerbo bumi

Garbo bumi amat karat ratu buyut kebuyuten ratu tuo seng nguasai bumi jawi lan bumi .... kang tut no tingkah laku ku karat solollahualaihiwa...